PASAR JIMBARAN. Iku pasar desa kang persis ana ing tapal batas antarane wewengkon Ponjong (Gunungkidul, DIY) lan Eromoko (Wonogiri, Jateng). Pasar iki mlebu ing tlatah Desa Tambakromo, Ponjong, Gunungkidul.
Saben dina Wage dadi dina pasaran kang regeng ing Pasar Jimbaran iki. Manawa tindak menyang sisih wetan udakara 50 meter wae, awake dhewe wus mlebu tlatah Desa Pasekan Eromoko Wonogiri.
Amarga Pasar Jimbaran lokasine ana tlatah perbatasan, pasar iki dadi papan dol-tinuku kanggo warga Gunungkidul lan Wonogiri. Mangkene Luurrrr, cerita cekak esuk iki….




