Peta Wewengkon Gunungkidul Tahun 1920

Miturut peta topografi kang kagawe dening Jawatan Topografi Peprentahan Hindia Belanda (Topografische Dienst, Batavia, 1921), wewengkon kang rikala semana kasebut Afdeeling GOENOENG KIDOEL (bageyan saka Karesidenan Djocjakarta) wus kaperang dadi 3 district, yaiku: PLAJEN, SEMANOE, dan WANASARI. Distrik iku sebutan kanggo satunggaling wewengkon kang saiki kasebut kecamatan utawa kapanewon/kemantren ing Daerah Istimewa Yogyakarta.

Miterang saka peta tahun 1921 iki lan peta tahun tahun 1857 (kaunggah sakdurunge), katon wus akeh desa/dusun kang ngrembaka. Menawa sakdurunge wewengkon kang kasebut Afdeeling Goenoeng Kidoel (peta tahun 1857) kaperang dadi wewengkon oderafdeelingen Awoe-awoe lan Semanoe,ing peta tahun 1920 wus muncul jeneng papan anyar kang kasebut WANASARI, lan katrangan papan iku kacetak huruf kandel kang ngemu teges iku uga dadi ibukota district utawa onderafdeelingen rikala semana.

Saka crita tutur, ana pakaryan gedhe arupa mbukak alas gedhe dadi karang padhesan Wanasari utawa Wonosari. Ing crita tutur kasebut Babat Alas Nangka Dhoyong kang kapimpin Demang Wanapawira saka Piyaman. Kaya-kayane akeh perkara kang bisa kawedhar saka crita tutur babagan mbukak alas gedhe iki. Muga-muga ana sedulur kang kersa mbabar katrangan ing kene. Siji pitakonan wae kang bisa kanggo pambuka: mbokmenawa ana gandheng-cenenge saka peta tahun 1857 lan peta tahun 1920 kang mratelakake njedhule papan kang kasebut Wanasari utawa Wonosari iki. Sumangga….

Saka peta tahun 1920 iki uga akeh jeneng desa/dusun kang bisa kalacak tekan saiki. Gegambarane, saka papan kang kasebut Wanasari iku ana desa/dusun: Djeroek, Selang, Tjabawa, Doewet, Seneng, Poeloetan, Wareng, Patjing, Siana, Ngerbo, Karangtengah, lan liya-liyane.

Banjur, kepriye kanggo jeneng-jeneng desa ing wektu saiki ana nanging durung kasebut ing peta tahun 1921 iku? Contone: Logandeng, Kedungkeris, Siraman, lan liya-liyane. Mbokmewawa, ing satengahing wektu ana kedadeyan ewah-ewahan tata pamrentahan (penataan ulang administrasi pemerintahan baik pada masa Pemerintahan Hindia Belanda atau oleh Kasultanan Yogyakarta atau oleh Pemerintah Republik Indonesia). Aku dadi kelingen, menawa kampungku Desa Bedjihardja kampung iku nembe ana ing tahun 1946, kang kedadeyan saka manunggaling telung desa lawas, yaiku Desa Grogol, Desa Banjoebening dan Desa Koelwa. Mbokmenawa ewah-ewahan peprentahan desa kang mangkene iki kang ndadekake ana jeneng-jeneng desa durung kasebut ing peta tahun 1920 iku.

Oya, ing peta tahun 1920 iki uga wus kagambar cetha dalan kang nyambungake antar-afdeeling, antar-district (onderafdeelingen), antar-desa/dusun. Jaringan dalan iku jelas mratelakke gandheng-ceneng lan gedhe-cilike (intensitas) babagan ekonomi lan sosial rikala semana.

Ing tahun 1920, uga wus kapratelake jinis-jinis dalan kang kasebut: rijweg, karreweg, paardenpad, dan voetpad. Rijweg kira-kira dalan kang wus bisa kanggo kereta-motor lan kereta-jaran. Karreweg kira-kira dalan kanggo lalu-lintas pedati utawa gerobag kang katarik kewan (jaran/sapi/kebo). Paardenpad kira-kira dalan kanggo lalu-lintas wong kang numpak jaran wae. Voetpad kira-kira dalan kang bisa dilewati kanthi mlaku wae ijih akeh kangelane (jalan setapak).

Ing rikala semana (1920), dalan kang wus bisa kalewatan kereta-motor atau kereta-jaran iku nembe dalan saka Jogjakarta – Gading – Playen dan Gading – Wonosari – Semanu wae. Liyane, dalan antarane Playen – Palian, antarane Karangmojo – Ponjong, antarane Karangmojo – Semin – Ngawen – Klaten lan Wonogiri, lan dalan antarane Semanu – Bedoyo – Rongkop isih kagolong karreweg utawa dalan kanggo pedati lan gerobak. Ewadene, dalan-dalan liyane antarane karang padesan isih arupa dalan kang bisa kalewatan nganggo nitih jaran utawa dalan gur isa kalewatan nganggo tenaga dhengkul lan kudu mangan wareg sakdurunge.

 

Bacaan Lainnya

 

Pos terkait