Sedulurku kabeh, mbukak peta lawasan iki kanyata nemu perkara kang wigati. Peta kang kaparingan judul “Kaart van de Residentie Djocjakarta” iki kacetak tahun 1857, karipta dening WF Versteeg. Peta iki kaundhuh kanthi cara nyekrinsut (screen shoot) saka salah sijining website peta-peta tahun lawasan kang dicawiske saka web negara Australia.
Ing peta gaweyan tahun 1857 iki kanyata durung ana papan panggonan kang sinebut Wonosari utawa Wanasari (ing wektu saiki dadi ibukota Kabupaten Gunungkidul). Rasane dadi penasaran, apa tahun semana iku durung ana karang padesan Wonosari utawa Wanasari? Apa tahun semana iku papan kang saiki kasebut Wonosari iku wujude isih wana kebak wit-witan gedhe kang sinebut Alas Nangka Dhoyong? Banjur ana ngendi pusat paprentahan Kabupaten Gunungkidul jaman semana? Apa isih ana ing Pati Genjahan Ponjong? Apa ana ing Semanu?
Ing peta iki, wus kasebut jeneng karang padesan utawa padusunan kang mirip kaya jeneng desa/dusun ing jaman saiki. Jejere peta iki nyebutake “Kaart van de Residentie Djocjakarta”, terjemahan bebase: “Peta Wilayah Karesidenan Yogyakarta”. Saka katrangan iki, ing jaman semana wilayah Karesidenan Yogyakarta kaperang dadi telung wilayah, yaiku: Mataram Koelon. Mataram Wetan, lan Goenoeng Kidoel.
Ing wilayah kang kasebut Goenoeng Kidoel iku ana loro tulisan gedhe kang mratelakake pembageyan wilayah ngisorane, yaiku: Awoe-awoe lan Semanoe. Semanoe lan Awoe-awoe iku katulis kanthi huruf kang gedhe lan katambahan titik (bulatan hitam besar) kang kira-kira mratelakake papan penting tinimpang titik-titik papan liyane. Katrangan babagan Awoe-awoe lan Semanu iki rasane ndadekke penasaran uga. Apa rikala semana papan-papan iku saktemene luwih ndhisik ana lan ngrembaka sakdurunge Wonosari ya? Semanoe jelas mirip karo Semanu ing jaman saiki. Terus papan kang kasebut Awoe-awoe iku Ngawu Playen? Iki ijih perlu digoleki referensi terusane.
Peta iki uga nggambarake akeh titik-titik (bulatan kecil) kang mratelakake jeneng-jeneng desa/dusun kang tekan saiki iya ana. Contone: Giring, Sodo, Kanigoro, Planjan, Wijoko, Woenoet, Plajen, Toempak, Gading, Kepek, Selang, Simo, Wringin, Pasaman, Grogol, Ngawis, Karangmodjo, Kloempet, Pondjong, Koeripansimo, Bedojo, Poetjanganom, Petir, lan sak piturute.
Peta tahun 1857 iki menawa disandingke karo peta jaman saiki sakjane ya mirip-mirip wae. Mbokmenawa mung perlu ngepaske lokasi desa/dusun yen ing peta saiki luwih presisi karana berbasis GPS. Nanging, peta tahun 1857 iki kepriye wae ya tetep jos gandoss. Ing atase jaman semana wus bisa nggawe peta wilayah kang nggambarke kahanan papan lan karang padesan kang wus ana lan kang nembe ngrembaka.
Oya, ana ing peta iki, ana wewengkon kang kasebut Ngawen ing sisih lor. Jinis huruf lan gedhene huruf padha karo tulisan Awoe-Awoe lan Semanoe. Ana ing peta wewengkon Ngawen ana katrangan mangkene: “Apanage van Prinsprangwedono”. Kaya-kayane katrangan ini mratelakke wewengkon Ngawen jaman semana dadi tanah perdikan Pangeran Prangwedana saka Kadipaten Mangkunegaran Kartasura.




